PidatoBahasaJawa
'Nasionalisme'
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Dewan juri ingkang kinurmatan.
Para kanca siswa-siswi ingkang kula
tresnani.
Sumangga
langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun.
Minurut
pengamatan kalian kula raosaken akhir-akhir menika kathah warga ingkang kirang
menghargai negeri nasionalipun inggih punika negeri “tercinta” Indonesia. Hal
menika sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang
serius.
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawula mudha ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados warga Indonesia sebabipun para kawula mudha luwih condong marang pergaulan utawi budaya-budaya Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupa: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah warga luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken reganipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae.
Masalah-masalah
menika saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri
“tercinta” Indonesia menika kalian salah sawijine cara inggih puniko mundhut
barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun para Pahlawan lan para
Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kula raos
menika ingkang saget kula sampekaken.
Mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi
nguataken rasa Nasionalisme kita sedanten. Semanten
saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya
kekirangan lan kelepatan kula.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment